Selasa, 23 Juli 2019

NGAJI DHIRI



AJI AJI NGAJI DHIRI

Sing jenenge wong golek kawruh iku bakal ngliwati pirang pirang tataran/tlundakan (anak tangga). Sing sepisan wong golek kawruh iku tau krungu njur terus APAL. Isa cerita,isa ngomong, isa nuliske maneh apa sing diapalke iku mau,ning asline wong iki durung ngerti apa sing diapalke.

Tlundhakan nomer loro ( 2 ), wong sing sinau kawruh iku bisa NGERTI. Tegese wong iki sakliyane wis apal karo kawruhe, wong iki uga ngerti, isa njelaske, isa nudhuhake yen ana sing miterang. Yen diajak ngobrol bab iku karo wong liya bisa gathuk.

Tlundhakan nomer telu, wong sing golek kawruh bisa MIGUNAAKE. Ing tingkatan iki wong ora mung bisa njlentrehke perkarane, nanging wong iku wus bisa migunaake ilmune kanggo kapentingan lan kemslahatan awake dhewe uga wong liya. Tegese wong sing sinau iki ya isa kojah isa praktek, ora gedang awoh pakel maneh ( ngomong gampang nglakoni angel ).

Tingkatan kaping papat, wong sing lagi golek kawruh iku wus bisa NGOTHAK-ATHIK kawruhe, bisa weruh bener lupute, bisa weruh sesambungane karo bab bab liya sing ana ing saklumahe bumi sak kureping langit iki.

Banjur wong iku munggah drajat ngilmune, bakal tekan ing tlundhakan nomer lima. Ing kene wong sing sinau iku wis isa MBIJI, kawruh sing disinau, apa kagolong ilmu sing biasa biasa wae, apa pancen ilmu sing kagolong dhuwur. Bisa uga weruh ala beciking ilmu, bisa nambah utawa ngurangi ilmune iku ben cocok selaras karo sing dibutuhke masyarakate.

Tingkatan sing paling dhuwur saka wong pinter iku bisa NYIPTA barang sing anyar nganggo ilmu sing disinau kuwi,dadi wis jelas para penemu tehnologi iku kabeh wong sing ana tataran paling dhuwur, derajat paling luhur kanggone wong golek ilmu lan kawruh.

Rahayu..