Rabu, 03 Juli 2019

MAN JADDA WAJADA


Sapa sing temen bakal tinemu:

-  dadiya gedhe sing ora ngebot-boti,
-  dadiya santosa sing ora gawe wedi
-  dadiya lancip sing ora nglarani
-  dadiya landhep sing ora natoni
-  dadiya sugih sing ora gawe rugi,
-  dadiya pinunjul sing ora gawe meri
-  dadiya  padhang sing ora mblerengi,
-  dadiya sumunar sing ora nyulapi

Dadiya talanging banyu kanggo sasamaning titah.



Padang pikire, jembar lan sumeleh atine, gede sabare, mapan kelakuane, luhur wekasane

Wong kang paripurna ing ngilmu iku iso seleh atine lan iso silih ilmune kanggo suluh  pepadang panguripan saenggo silih sumrambah ing sapada pada.



Rahayu 🙏🏻🙏🏻