Selasa, 09 Juli 2019

PITUTURE SIMBAH


Pituture simbah..

Ngger.. yen kowe ketemu pawongan sing katon biasa wae,becik lagak lagu lageyane lan kowe rumangsa adem ayem tentrem tanpa bisa dijelaske nalika kowe ana sakcedake,kowe uga ngrasa ora perlu maneh nutupi sakabehe wadimu merga kowe percaya pawongan iku mau bisa njaga sakabehe wadimu kanti becik.. pawongan sing kaya mangkono iku mau pantes bok dadekne guru,senajan wong kuwi mau ora gelem dadi gurumu utawa dianggep guru.. kowe pantes meguru..

Ngger.. mangertio.. pawongan kang kaya mengkono mau samar kaya semar ing bab kadonyan,nanging ing kebhatinan bisa gawe geter lan geger palungguhan para dewa..

Ngger.. yen kowe ketemu marang pawongan sing kaya mangkono iku,satemene anugrah kang tanpa bisa diukur. Pawongan kaya mengkono kuwi,ora gampang golekane,senajan pawongan kuwi urip nyampur ana ing bebrayan agung.

Ngger.. Sing kudu bok duweni kanggo syarat sarana laku meruhi lan ketemu pawongan kaya mengkono iku mung landhepe rasamu,asore atimu ( rendah hati ).. merga pawongan kang kaya mengkono iku ora bakal gelem mlebu omahe jiwamu,yen lawange atimu isih ketutup ego nafsumu..