Selasa, 02 Juli 2019

ARANE WUKU


Monggo dumateng poro kadang kadeyan hingkang kinasih, kulo nambahi panyebatanipun basa jawi mugi saged wonten manfaatipun kagem sederek kulo :

A. Arane Wuku
Sawuku umure saminggu, cacahe Wuku ana 30, yaiku :

Wuku Shinta
Wuku Landhep
Wuku Wukir
Wuku Kuranthil
Wuku Tolu
Wuku Gumbreng
Wuku Warigalit
Wuku Warigagung
Wuku Julungwangi
Wuku Sungsang
Wuku Galungan
Wuku Kuningan
Wuku Langkir
Wuku Arandhasiya
Wuku Julungpujut
Wuku Pahang
Wuku Kuruwelut
Wuku Marakeh
Wuku Tambir
Wuku Medhangkungan
Wuku Maktal
Wuku Wuye
Wuku Manakil
Wuku Prangbabat
Wuku Bala
Wuku Wungu
Wuku Wayang
Wuku Kulawu
Wuku Dhukut
Wuku Watugunung

 B. Arane Sasi Masehi:

Januari, Februari, Maret, April, Mei, Juni, Juli, Agustus, September, Oktober, Nopember, Desember

C. Arane Sasi Arab:

Muharram, Safar, Rabiul Awal, Rabiutsani, Jumadil Ula, Jumadil Tsaniyah, Rajab, Sya’ban, Ramadhan, Syawal, Dzulqadah, Dzulhijjah

D. Arane Sasi Jawa:

Sura, Sapar, Mulud, Bakda Mulud, Jumadil Awal, Jumadil Akhir, Rejeb, Ruwah, Pasa, Sawal, Dulkangidah/Selo, Besar

E.  Arane Taun

Alip, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu, Jinakir

F. Arane Windu

Adi, Kuntara, Sangara, Sancaya

G.  Arane Wilangan

Siji = Eka
Loro = Dwi
Telu = Tri
Papat = Catur
Lima = Panca
Nem = Sad
Pitu = Sapta
Wolu = Asta
Sanga = Nawa
Sepuluh = Dasa
Satus = Sata
Sewu = Sasra
Sepuluh ewu = Saleksa
Satus uwe = Sakethi
Sayuta = Sayuta

H. Arane Wayah

Jam 03:00 : Wayah Fajar Sidik (Bang-Bang Wetan)
Jam 04:00 : Wayah Bedhug Subuh
Jam 05:00 : Wayah Saput Lemah
Jam 06:00 : Wayah Byar
Jam 09:00 : Wayah Tengange
Jam 10:00 : Wayah Wisan Gawe
Jam 12:00 : Wayah Bedhug
Jam 13:00 : Wayah Luhur
Jam 15:00 : Wayah Lingsir Kulon
Jam 16:00 : Wayah Asar
Jam 17:00 : Wayah Tunggang Gunung
Jam 17:30 : Wayah Tribalayu
Jam 18:30 : Wayah Surub/Candrikala
Jam 19:00 : Wayah Bakda Magrib
Jam 19:30 : Wayah Isya’
Jam 20:00 : Wayah Bakda Isya’
Jam 21:00 : Wayah Sirep Bocah
Jam 23:00 : Wayah Sirep Wong
Jam 24:00 : Wayah Tengah Wengi
Jam 01.00 : Wayah Lingsir Wengi

I. Arane Kiblat

Lor = Uttara
Kidul = Daksina
Wetan = Purwa
Kulon = Pracima

Mugi2 saged handadosaken seserepan nambahi wawasan kagem sederek2 kulo supados tansah enget malih.

Hambok bilih wonten klenta klentunipun atur wonten babagan punika kulo ngaturaken anggenge pangapunten, ananging sederek kulo hingkang badhe nambahan malih kulo sumanggaaken

Nuwun.

🙏🙏