Senin, 20 Mei 2019

ISLAM DAN KEJAWEN



Islam lan Kejawen iku ibarat Wadah lan Isi

kejawen iku mung etika / totokromo kepengeranan,
dudu agomo,
mulo kejawen biso diwadahi nganggo islam, biso nganggo kristen utowo budho.

Kejawen wus ngajarake anane gusti kang murbeng dumadi, kang akaryo jagad,
gusti kang onone tan kinoyongopo,
tanpo winates deneng papan lan mongso,

Nuli islam ngenalake yen gusti pengeran kang mengkono mau asmane GUSTI ALLAH...

Kejawen wus ngeyakini anane doyo linuwih songko bongso alus minongko punggowone pengeran kanggo ngatur jagat sak isine

Nuli islam ngenalaken yen bongso alus (mahluk gaib)  sng makili pengeran iku arane moloikat..

Kejawen ugo wus ngeyakini anane bongso lelembut sng tukang gudo menuso sng agawe becik

Nuli islam ngenalake yen iku mau arane jin setan.

Kejawen yo wus ngajarake anane kauripane sukmo/roh kang langgeng sak wuse matino rogo kasar.
kanti bakal tompo piwales soko lakune dewe dewe,

Nuli islam ngenalake yen urip kang langgeng mau arane alam aherot, kang bakal tompo ganjaran swargo utowo neroko miturut lakune dewe2..

Kejawen ugo wus ngajarake supoyo tansah eleng, manembah, nyuwiji marang dzat kang siji,

Nuli islam ngajarake totocorone manembah marang gusti kanti nglakoni sembahyang kanti jiwo lan rogo kang suci

Lan sakpiturute...

Dadi...

Ajaran kejawen iku wus akeh sng cocok karo pituduhe alqur'an, mung bedo anggone jenengi wae. mulo tekane islam nek tanah jowo iki mung kari nyampurnaake wejangan2 luhur kejawen sng wis tumancep ing tanah jowo
kanti nglurusake pinemu kang iseh durung lurus...

Amargo...

Miturut kitab babat tanah jowo,
wong jowo iku anak putu teko nabi Tsis/ bendoro Sis,

Temtu..

Yo marisi agomone nabi Tsis,
kan jaman semono Gusti Allah durung nurunake syareat / totocorone ngibadah kanti rinci, ..
anane mung niyat kang tulus lan suci kanggo ngabekti...
Yen pasar ilang kumandange...
Yen kali wis ilang kedunge...
Yen wong wadon wis ilang wirange...
Mlakuho topo lelono njajah deso milang kori,
Ojo nganti/ngasi bali yen durung bali patang sasi,
Golek wisik songko Sang Hyang Widhi.

🙏Salam Pembelajran

SAHABAT MAIYAH NUSANTARA 🇲🇨